Waljinah Jangkrik Genggong Lyrics
            Jangkrik Genggong
            Waljinah
        
            Kendal kaline wungu
            ajar kenal karo aku
            lelene mati digepuk
            gepuk nganggo walesane
        
            suwe ora pethuk
            ati sida remuk
            kepethuk mung suwarane
            e... ya... e... ya... e...
            e... ya... e... ya... e... ya... e... ya... e...
        
            Jangkrik genggong, jangkrik genggong
            luwih becik omong kosong
            Semarang kaline banjir
            ja sumelang ra dipikir
        
            Jangkrik upa saba ning tangga
            malumpat ning tengah jogan
            wis watake priya, jare ngaku setya
            tekan ndalan selewengan
            e... ya... e... ya... e...
            e... ya... e... ya... e... ya... e... ya... e...
        
            Jangkrik genggong, jangkrik genggong
            wani nglirik sepi uwong
            yen ngetan bali ngulon
            tiwas edan rak kelakon
            Yen ngrujak, ngrujaka nanas, aja ditambahi kuweni
            kene tiwas nggagas, awak adhem panas, jebul ana sing
            nduweni
        
            e... ya... e... ya... e...
            e... ya... e... ya... e... ya... e... ya... e...
        
            Jangkrik genggong, jangkrik genggong
            sampun cekap mangsa borong
        
See also:
JustSomeLyrics
87
87.88
Martin Valverde Discipulo Lyrics
Michael Buble Feeling Good (Album Version) Lyrics