Kangen Lyrics

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi impi
Jeroning ati kangenku setengah ati

Jenang gulo yo mas yo mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku sedio ngenteni
Lahir batin tresnaku terus sing ati

KANGEN
Wong kangen ngene ngene rasane
Rindu rindu wong bagus kowe tak tunggu
KANGEN
Wong kangen opo tambane
Rindu rindu tambane kudu ketemu

Klopo mudo enak'e kanggo rujak'an
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti anti
Musadani wong kangen ndang antuk jampi

See also:

104
104.67
BeForU チカラ (LIVE BAND style) Lyrics
Jose Alberto que muera el amor Lyrics